Asala Mula Aksara Jawa

NARATOR               :     Aji Saka menika ksatriya ingkang sakti mandraguna saking daerah Jawi Tengah, Indonesia. Miturut kapercayan masyarakat, Aji Saka menika tiyang ingkang ndamel Aksara Jawi utawi Dhentawyanjana. Aji Saka ndamel Aksara Jawi kasebat nalika nembe ngembara kaliyan abdinipun, Dora. Prastawa menapa ingkang . . .
                                      Peristiwa apakah yang terjadi dalam pengembaraannya, sehingga Aji Saka menciptakan aksara Jawa tersebut? Ikuti kisahnya dalam cerita Aji Saka: Asal Mula Huruf Jawa berikut ini! (PROLOG)

***

NARATOR               :     Alkisah, tlatah ing Dhusun Medang Kawit, Desa Majethi, Jawi Tengah, wonten pendekar ingkang sakti mandraguna asmanipun Aji Saka. Aji saka gadhah keris pusaka kalih serban sakti. Mboten namung sakti, Aji Saka menika inggih rajin kaliyan becik manahipun. Ing pundi kemawon, Aji Saka dipunkancani kalih abdinipun, Dora lan Sembada.

                                     
SCENE 1, KEDIAMAN AJI SAKA (RUANG KELUARGA)
NARATOR               :     Ing sawijining dinten, Aji Saka nyuwun pangestu dhateng ramanipun. Amargi Aji Saka badhe ngembara kalih abdinipun, Dora.                          
AJI SAKA                 :     “Kula badhe nyuwun pangestu, Rama.” (tenang)
AYAH                      :     “Pangestu nggo ngopo to, Le?” (heran)
AJI SAKA                 :     “Kula kepingin ngembara. Kepareng menapa mboten, Rama?”
AYAH                      :     “Apa?” (kaget) “Ameh ning ngendi to kowe anakku?”
AJI SAKA                 :     “Kula badhe ngembara tumuju ing kidul kaliyan abdi kula, Dora.” (memohon)
AYAH                      :     “Dienggo?” (serius)
AJI SAKA                 :     “Madosi jati diri, Rama.”
AYAH                      :     “Yo wis. Tak restoni apa sing kok karepke. Aku mung bisa ndongakake supaya kepinginanmu kegayuh. Ati-ati.“ (pasrah)
AJI SAKA                 :     “Matur nuwun sanget, Rama” (senang tapi tetap tenang, sembari mohon diri dan keluar ruangan).

SCENE 2, KEDIAMAN AJI SAKA (LATAR DEPAN)
NARATOR               :     Saksampunipun menika, Aji Saka ndhawuhi Sembada, dipunsuwun ngasta ugi njagi keris pusakanipun Aji Saka wonten ing Gunung Kendeng.
AJI SAKA                 :     “Sembada. Sembada!”
SEMBADA              :     “Inggih Gusti.”
AJI SAKA                 :     “ Tulung gawaa keris iki ning Gunung Kendeng. Jagaa. Lan aja kok kekake sapa-sapa nganti aku dhewe sing njupuk!“ (serius)
SEMBADA              :     “Inggih Gusti! Kula janji badhe njagi lan ngruwat keris menika.” (mohon diri)

SCENE 3, DEPAN ALAS
NARATOR               :     Lajeng, Sembada bidhal tumuju ngilér ing Gunung Kendeng, menawi Aji Saka kalih Dora ngembara tumuju ngidul. Dheweke mboten ngasta bekal apa-apa. Saksampunipun mlampah setengah dinten, dheweke tekan wonten ing alas. Nalika badhe ngliwati alas kasebat, Aji Saka mireng wonten tiyang ingkang nyuwun pitulungan.
KAKEK                    :     “Tulung...!!! Tulung...!!! Tulung...!!!”
AJI SAKA                 :     “Krungu ora?” (mencari sumber suara)
DORA                     :     “Mireng menapa Gusti?” (belum paham)
AJI SAKA                 :     “Suwara wong njaluk tulung!” (langsung lari ke sumber suara)
DORA                     :     (lari mengikuti Aji Saka)
AJI SAKA                 :     “Hei, hentikan perbuatan kalian!” (menghampiri perampok. Dora baru sampai di TKP)
PERAMPOK 2        :     “Kowe ki sapa? Apa urusanmu, ha?!”
AJI SAKA                 :     “Aku Aji Saka! Culno wong tuwa kuwi! (marah)
PERAMPOK 1        :     “Ah, kakean cangkem. Ajar wae!” (menyerbu Aji Saka. Perkelahian pun terjadi, dan Dora segera menolong si Kakek. Hanya dengan beberapa pukulan dan tendangan para perampok tersungkur memohon ampun kepada Aji Saka)
PRAMPOK 1&2     :     “Ampun Gusti, ampun. Ampun pateni kula, Gusti.” (merengek bersahutan berulang kali)
DORA                     :     “Pala mawon , Gusti, ngasi tewas! Dheweke mboten mungkin insyaf! (menghujat sambil menunjuk-nunjuk para perampok)
AJI SAKA                 :     “Aja Dora, dheweke ki ya manungsa, mesthi ana lupute.” (menasehati Dora) “lan kanggo kowe kabeh, aja kok baleni gawean alamu kuwi!” (menasehati dengan nada keras)
PRAMPOK 1&2     :     (tak mengucapkan apapun dan langsung berlari kabur)
AJI SAKA                 :     (menghampiri si Kakek) “Kula nuwun, Mbah? Simbah menika saking pundi lan wonten menapa kok ing tengah alas menika?
KAKEK                    :     “Kula pengungsi saking Medang Kamulan kula ngungsi amarga raja ing negri kula Prabu Dewata Cengkar menika remen dhahar daging manungsa. Saben dinten Prabu Dewata Cengkar dhahar daging manungsa ingkang dipunsajikaken dening patihipun Jugul Muda. Amarga wedi kalian Sang Raja para rakyat ngungsi ing dhaerah liya.” (bercerita apa adanya, sambil menahan sakit)
                                      (Aji Saka dan abdinya tersentak kaget mendengar cerita laki-laki tua yang baru saja ditolongnya itu.)
AJI SAKA                 :     “Kok saged ngoten niku, Mbah?” (tanya Aji Saka dengan heran)
KAKEK                    :     “Ngeten nggih. Prastawa menika wiwitipun nalika juru masak istana kairis drijinipun. Lajeng driji wau kecemplung ing dhaharanipun Prabu. Ndilalah, Prabu nggih remen sanget. Saksampunipun menika Sang Prabu remen sanget dhahar daging manungsa lan watakipun dados ala .”
DORA                     :     “Gusti, niki mboten saged dipunnengk. Kita kedah ngendekke Prabu Dewata Cengkar, Gusti.” (semangat membara) “Bisa-bisa kula dipundhahar kaliyan Dewata Cengkar.” (merinding karena ngeri)
AJI SAKA                 :     “Genah, Dor. Aku arep ndono kanggo ngendekke Dewata Cengkar. Ayo, awak dhewe gek mangkat.
DORA                     :     “Siap, Gusti!”
NARATOR               :     Aji Saka lan abdinipun memutuskan untuk pergi ke Negeri Medang Kamulan. Ia ingin menolong rakyat Medang Kamulan dari kebengisan Prabu Dewata Cengkar.

SCENE 4, KOTA KERAJAAN MEDANG KAMULAN
NARATOR               :     Setelah sehari semalam berjalan keluar masuk alas, menyebarangi sungai, serta menaiki dan menuruni bukit, akhirnya mereka sampai di kota Kerajaan Medang Kamulan. Suasana kota itu tampak sepi. Kota itu bagaikan kota mati. Tak seorang pun yang terlihat lalu lalang di jalan. Semua pintu rumah tertutup rapat. Para penduduk tidak mau keluar rumah, karena takut dimangsa oleh sang Prabu.
DORA                     :     “Apa ingkang awak dhewe lakokake, Gusti?”
AJI SAKA                 :     “Kowe nunggu ning njaba wae! Ben aku sing ngadepi Dewata Cengkar dhewe.” (jawab Aji Saka dengan tegas. Dengan gagahnya, Aji Saka berjalan menuju ke istana. Suasana di sekitar istana tampak sepi. Hanya ada beberapa orang pengawal yang sedang mondar-mandir di depan pintu gerbang istana.)
PENGAWAL 1        :     “Heh mandhek!” (sambil mencegat) “Kowe sapa lan arep ngapa kowe ndene?
AJI SAKA                 :     “Kula Aji Saka ingkang badhe kepanggih kalih Prabu Dewata Cengkar.”
PENGAWAL 2        :     “Sikik! Apa kowe ora wedi dipangan karo Prabu?” (menyahut)
AJI SAKA                 :     “Tujuan kula mriki ajeng dados dhaharanipun Prabu.”
PENGAWAL 1        :     “Apa?” (kaget) “Hahahaha, cangkeman kowe. Minggata!” (remeh Pengawal 1)
PENGAWAL 2        :     “Sikik, kowe tenanan, ra?” (sahut Pengawal 2, yakin akan pernyataan Aji Saka)
AJI SAKA                 :     “Inggih. Keparengna kula mlebet.” (jawab dengan tenang)
PENGAWAL 2        :     “Muga-muga kowe tenan karo apa sing kok omongke.”
PENGAWAL 1        :     “Yo wis nek kuwi panjalukmu, ayo melu aku!” (bentaknya sinis. Para pengawal istana kemudian mengantarkan Aji Saka ke dalam istana.)

SCENE 5, ISTANA PRABU
NARATOR               :     Sakjroning istana, Prabu Dewata Cengkar srengen amargi Patih Jugul mboten bekta mangsa kagem Prabu Dewata Cengkar. Aji Saka mboten ajrih lan piyambakipun ngadhep Prabu lan masrahke awake kangge dhaharan Prabu.
PRABU                    :     “Jugul . . . , endi pangananku?! Jugul!!!” (marah besar)
JUGUL MUDA        :     “Ampun Gusti, ampun. Kula mboten mbekta daging manungsa kangge dhahar Prabu. Ampun Gusti.” (mohonnya ketakutan)
PRABU                    :     “Apa?! Ra iso? Goblok! Golek nganti ketemu! Sakdurunge mengko bengi kudu wis cumepak. Nek ora kowe sing tak pangan, gelem?!! Arrrggghhh . . . Haargghh.” (membentak semena-mena)
JUGUL MUDA        :     “Aih. Ampun, Gusti. Kula niku pait. Pait, pait. . .” (takut hingga gemetaran)
PRABU                    :     “Emange aku tawon? Kurang ajar!” (setengah membentak) “Tapi, aku seneng pait, hahahaha!” (memberitahu Jugul Muda)
JUGUL MUDA        :     (Kaki lalu sekujur tubuh tiba-tiba melemas. Pasrah)
PENGAWAL 2        :     (datang memberi hormat) “Kula nuwun, Gusti. Wonten tiyang kang badhe kepanggih Gusti.”
PENGAWAL 1        :     (masuk bersama Aji Saka. Lalu menyerahkannya kepada Prabu dengan sedikit mendorong) “Tiyang menika rila dumadi dhaharanipun Gusti.”
PRABU                    :     “Tenane?” (senang)
AJI SAKA                 :     “Ampun, Gusti Prabu! Hamba Aji Saka. Menawi Prabu kersa, hamba siap dados dhaharan Prabu dinten niki.  ”
PRABU                    :     “Genah.” (menjawab Aji Saka) “Slamet, Jugul. Eksekusimu ditunda . . . sesuk.” (menakuti Jugul Muda)
JUGUL MUDA        :     “Halah . . . sami mawon. Padha wae sesuk dipangan.” (ucapnya lirih dan pasrah)
PRABU                    :     “Sak iki cekel lan iris dek e, aja lali dimasak rica-rica. Mesthi enak. Hahahaha!” (menjulurkan lidah dengan senangnya)
JUGUL MUDA        :     (bergegas menangkap Aji Saka)
AJI SAKA                 :     (mundur selangkah) “Ampun, Gusti! Sakderengipun kula dicekel, hamba gadhah setunggal panyuwunan. Hamba nyuwun lemah ingkang jembaripun sak sorban menika.  (pinta Aji Saka sambil menunjukkan serban yang dikenakannya.)
PRABU                    :     “Mung kuwi panjalukmu? Kowe ra pingin sing luwih amba meneh?
AJI SAKA                 :     “Sampun cekap Gusti. Hamba namung nyuwun niku.” (jawab Aji Saka meyakinkan)
PRABU                    :     “Nek ngono panjalukmu, sakdurunge kowe dak pangan, tak turuti ndisik panjalukmu.” (Aji Saka pun melepas serban yang melilit di kepalanya dan menyerahkannya kepada sang Prabu.)
AJI SAKA                 :     “Ampun, Gusti! Kagem nyingkiri kacurangan, luwih becik gusti piyambak kang ngukur.
                                      SEKITAR ISTANA HINGGA LAUT
                                      (Prabu Dewata Cengkar pun setuju. Perlahan-lahan, ia melangkah mundur sambil mengulur serban itu. Anehnya, setiap diulur, serban itu terus memanjang dan meluas hingga meliputi seluruh wilayah Kerajaan Medang Kamulan. Karena saking senangnya mendapat mangsa yang masih muda dan segar, sang Prabu terus mengulur serban itu sampai di pantai Laut Selatan tanpa disadarinya,. Ketika ia masuk ke tengah laut, Aji Saka segera menyentakkan serbannya, sehingga sang Prabu terjungkal dan seketika itu pula berubah menjadi seekor buaya putih.)

                                      KOTA SEKITAR ISTANA
                                      (Mengetahui kabar tersebut, seluruh rakyat Medang Kamulan kembali dari tempat pengungsian mereka. Aji Saka kemudian dinobatkan menjadi Raja Medang Kamulan menggantikan Prabu Dewata Cengkar dengan gelar Prabu Anom Aji Saka. Ia memimpin Kerajaan Medang Kamulan dengan arif dan bijaksana, sehingga seluruh rakyatnya hidup tenang, aman, makmur, dan sentosa.)

SCENE 6, ISTANA AJI SAKA
NARATOR               :     Ing sakwijining dinten, Aji Saka nyeluk Dora.
AJI SAKA                 :     “Dora! Lungaa tumuju ing Gunung Kendeng, banjur jupuka kerisku. Omong karo Sembada yen aku sing ngutus kowe.”
DORA                     :     “Sendika dhawuh, Gusti!” (jawab Dora seraya memohon diri)

SCENE 7, GUNUNG KENDENG
NARATOR               :     Saktekane Dora ing Gunung Kendeng, Sembada lan Dora rangkulan kangge nyopot kangen. Dora omong tujuanipun mara ing Gunung Kendeng.
DORA                     :     “Sembada, Gusti Aji Saka sak iki wis dadi Raja ing Medang Kamulan. Gusti ngutus aku nggo njupuk keris pusaka.”
SEMBADA              :     “Ora bisa, kancaku! Gusti piweling, ora ana kang oleh njupuk keris kajaba Gusti piyambak.” (kata Sembada dengan tegas)
                                      (Karena merasa mendapat tanggung jawab dari Aji Saka, Dora pun harus mengambil keris itu dari tangan Sembada untuk dibawa ke istana. Kedua dua orang abdi bersahabat tersebut tidak ada yang mau mengalah. Mereka bersikeras mempertahankan tanggung jawab masing-masing dari Aji Saka. Mereka bertekad lebih baik mati daripada menghianati perintah Gustinya. Akhirnya, terjadilah pertarungan sengit antara kedua orang bersahabat tersebut. Mereka sama kuat dan tangguhnya, sehingga mereka pun mati bersama.)

SCENE 8, ISTANA
NARATOR               :     Sementara itu, Aji Saka mboten tenang ngentosi Dora saking Gunung Kendeng bekta keris.
AJI SAKA                 :     “Ana apa karo Dora? Ngapa tekan wayah iki Dora durung bali ?” (menggumam)
NARATOR               :     Sampun kalih minggu Aji Saka ngentosi, ananging Dora mboten teka. Dheweke badhe tindak tumuju ing Gunung Kendeng piyambakan.

SCENE 9, GUNUNG KENDENG
NARATOR               :     Satekane ing Gunung Kendheng Aji saka kaget amargi mriksani abdine padha mati.
AJI SAKA                 :     “Apa sing wis tak lakoni karo para abdiku, Dora . . .  Sembada . . . ” (tersungkur lemas)
NARATOR               :     Dora lan Sembada mati kangge mbuktikaken kesetiaanipun marang Aji Saka. Kangge ngenang kesatiaanipun abdine, dheweke ndamel Aksara Jawi kang isinipun pertarungan para abdinipun ingkang gadhah kasektinan ingkang sami lan mati bebarengan. Aksaranipun dipunsebat carakan. Susunan aksaranipun:
Ha na ca ra ka            : Ana utusan
Da ta sa wa la            : Padha kerengan
Pa dha ja ya nya        : Padha saktine
Ma ga ba tha nga      : Dadi bathang

* * *

NARATOR               :     Demikian legenda Aji Saka, Asal Mula Huruf Jawa. Kang saged dipunpendhet saking cerita niki inggih menika tiyang ingkang remen anggenipun tulung tinulung mesthi ngentukake balesan ingkang padha


(EPILOG)SILAHKAN COPY JIKA ARTIKEL INI MENARIK NAMUN HARAP CANTUMKAN SUMBERNYA




Artikel terkait:

{ 0 komentar... read them below or add one }

Posting Komentar

terima kasih telah berkunjung sobat.
Silahkan komentar,kritik dan sarannya
setidaknya tegur sapa.heheh